Hujan Malam Hari
Dino koyo dene udan
Lan urip ugo wis dadi wengi
Mbok menowo mbesuk
Isih ono gurit soko jantung
Soko tetesing kang kependhem
Nanging paprangan iki durung rampung jroning atiku
Katresnanku sansoyo adoh
Digondol manuk - manuk wengi
Ing adhem lan leliwengan
Minongko pratondho
Yen udan iki
Wus ora biso dak rasa'ake maneh
Ok Makasih
BalasHapus